Sabtu, 29 Oktober 2011

Gathutkaca

Sopo sing ora tau weruh Gathutkaca? Kabeh wong Jawa mesthi eruh sopo kuwi sing jenenge Gathutkaca.
Gathutkaca kuwi satriya ing Pringgodani, Gathutkaca kuwi satriya sing apik budi pakertine lan seneng nulung wong, kandel, kukuh, lantip, waspada, cukat trengginas tur trampil lan sih tresna marang kadang sedulur. Watake Gathutkaca sing apik-apik kuwi mesthi ditiru kabeh wong.
Bapake Gathutkaca jenenge Arya Bima utawa Wijasena utawa Werkudara, kadang penenggake para Pandhawa lan ibune Dewi Arimbi, putri negara Pringgodani.
Gathutkaca uga duwe garwa sing jenenge:
  1. Dewi Sumpani
Gathutkaca duwe putra sing jenenge Arya Jayasumpena saka Dewi Sumpani
  1. Dewi Pregiwa
Saka Dewi Pregiwa, Gathutkaca duwe putra sing jenenge Sasikirana
  1. Dewi Suryawati
Karo Dewi Suryawati, Gathutkaca uga duwe putra sing jenenge Suryakeca
Gathutkaca yen perang ora nate migunake gaman. Yen mithing gulune musuh, dipluntir nganthi pothol, siyunge aran siyung kencana, yen nyakot mungsuh, mungsuhe bisa tiwas amarga Gathutkaca kuwi gagah prakosa, sekti mandraguna, tinatah mendat jinara menter, mula diumpamake satriya sing nduwe otot kawat lan walung wesi. Ora kuwi wae, Gathutkaca uga duwe sungsum gegala, driji gunting, kulit tembaga, sikut palu, lan dhengkul paron.
Gathutkaca ngagem kotang Antakusuma marake bisa mabur tanpa elar lan uga bisa mletik tanpa suthang.
Gathutkaca duwe aji-aji Narantaka paringane Rasi Seta lan aji-aji Brajamusthi, ora kuwi wae, Gathutkaca uga duwe aji-aji Brajalamatan lan aji-aji Brajawilkapa.
Nalika laire Gathutkaca rupane elak kaya buta, ora kaya satriya sing bagus lan gagah prakosa, untune gedhe-gedhe, kulite mbengkerok, mripate mlorok lan rambute nyrodok koyok duk.
Pusere Gathutkaca alot, ora tedhas diiris nganggo pisau, nanging Bathara Narada maringi rangka nganggo ngethok pusere. Bareng pusere wes pedhot, rangkane musna, manjing ing pusere Gathutkaca, lan Gathutkaca banjur dighodok ing kawah Candramuka.
Wekasane dadi satriya bagus, gagah prakosa tur sekti mandraguna lan apik-apik watake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar